Mujibatul Ghusli
Perkoro kang nyebabake # Wajib adus iku nenem
Sepisan iku janabat # Sebab metu mani ladzat
Ugo sebab tetemune # Lanangan lan wadonane
Loro manak ping telune # Ngedusono wong matine
Papat haidle lamun mampet # Lima nifas lamun mampet
Nem najise badan tetep # Ning mapane ora inget
Furudhul Ghusli
Rong werno ferdlune adus # Siji niat loro harus
Kabeh kulit rambut terus # Di siramo nganti kelebus
Babut Tayammumi
Lamun ngudzur nganggo banyu # Kamongko wis manjing waktu
Tayammumo kelawan lebu # Minongko gantine wudlu’
Yen ngudzure sebab tatu # Sak weneh nggoto wudlu’
Tayammumo yen wus wektu # Lan wudlu kang ora tatu
Tayammum limo fardlune # Ngaleh lebu lan niyate
Ngusap rahi lan ngusapi # Tangan loro lan tartibe
Syarat kang kasebut kudu # Di tetepi ugo kudu
Netepono rukun baku # Supoyo sah sholat iku